Senin, 23 September 2013

Kota Wonosari

                                                   MULA BUKANE JENENG WONOSARI
                                                        (BABAT NONGKO DHOYONG)


          Sri sultan ngayogyakarta sungkawa penggalihe amarga miturut wisik/impene ana sawijining nekakake bebedu yaiku ing kadipaten sumengkar, penere ing pegunungan sakidul wetan saka kutha ngayogyakarta. Saka jenrnge sumengkar ndewini teges kurang becik, sumeng tegese penyakit kar tegese lemah kang ora subur lan akeh penyakit. Mula saka iku adipati kadipaten sumengkar yaiku Adipati Wironegoro kadhawuhan mindhah nongko dhoyong, kamongko alas nangka dhoyong papane kawentar wingit utawa angker, ora saben pawongan wani tumeka ing papan iku.
         Sawise kabiwarake pranyata Ki Wonopawiro demang saka piyaman sanggup ngayahi jejibahan kang abot mau, kabantu dening Ki Nitisari. Sadurunge babat alas kawiwitan dheweke tapa ing sangisore wit nangka kang umure wis atusan tahun, nganti 40dina 40wengi sawenehing panggodha ora temama ing awake. Kang mbaureksa papan

Senin, 09 September 2013

gunungan


                          MAKNA SIMBOLIK GUNUNGAN



              Gunungan kuwi wayang sing wujude gambar gunung. Njerone gunungan gambare warna-warna. Parangan ngisor ana gambare gapura dijaga dening buta loro nggawa pedang tameng. Iku gambarake gapura utawa egol sawijining kraton. Mula dhalang kadhang kala nggunakake gunungan kanggo nggambarake kraton.
            Deane perangan dhuwur gunungan ana wit sing digubed dening ula naga. Ing pange ana gambare maneka sato warno, kang ngambarake panguripan sejroning alas. Wayang gunungan bias ditegesi minangka gegambarane donya saisine. Sadurunge dilakokake gunungan ditancepke ing satengahing kelir. Miring nengen pratandha yen pagelaran wayagng durung diwiwiti kaya donya kang durung ana ceritane. Dene yen pagelaran wis kawiwitan gunungan ditancepke ing pinggir.
           Gunungan digunakake minangka tandha bakal gantine lakon dhalang olehe nancepake gunungan miring ngiwa. Ora mung kuwi upama dhalang butuh nggambarake geni utawa angin uga bias nggunakake gunungan supaya katon kaya geni manglad-alad, gunungan olehe nglkokake diwalik. Ing walike gungungan pancen ana gambare geni mulad-mulad.
           Dhapukane gunungan pancen warna-warna kanggo nganbarake alas gung liwang-liwung lan kadhang kala ugo kanggo nggambarake budhalan prajurit arep maju perang. Iku yen dhalange ora duwe wayang rampongan utawa barisan prajurit.
           Wayang gunungan ana rong werna gunung gapulan lan gunung blumbang. Gunung blumbang sing ngipta sunan kalijaga nalika jaman kasultanan demak. Banjur ing jaman kartasura ditambahi maneh kanthi gunungan gapura.
Ing pedhalangan gunungan uga sinebut kayon, kang dumadi saka tembung kayu, awit pancen ana gambare wit gedhe. Dadi tandha yen jroning lakon wayang ana piwulang luhur. Gununggan nggambarake urut-urutaning pembudi dayane kanggo nggayuh kesampurna, kang kudu ngadhepi maneka pepalang. Ing gunungan peplang kawujudake kanthi maneka kewan alas, ana sing warnane kuning, abang, ireng, lan putih minangkaa gegambaranne hawa hepsune manungsa.